08 April 2018 | Pamomong

Cara Jawa Agawe Pangarsa

  • Dening Dhoni Zustiyantoro

Ora perlu nginguk cara Barat supaya ngerti kepriye cara ngasilake para pangarsa (pengarep, pemimpin) praja. Kabudayan Jawa sejatine menehi tuladha lan cara kang cukup kanggo ndadekake sapa wae bisa ngasta pusarane adil.

Pancen, taun pulitik 2018 lan 2019 dikuwatirake bisa dadi gaman sing ngiris rasa handarbeni marang bangsa lan negara, amarga lumantar bab-bab kang uga dikuwatirake bisa mecah kamanunggalane bebrayan. Nanging, sadurunge rasa kuwatir iku sansaya luwih gedhe, sejatine ana bab sing kudu luwih dhisik dimangerteni, yaiku kepriye milih pangarsane praja?

Apa cukup kandheg ana ing bab bleger kang katon nanging kurang ing karya? Banjur, kepriye kabudayan Jawa bisa ”gawe” pangarsa lan negarawan? Kabudayan Jawa sejatine nduweni unen-unen kang bisa dadi pepeling marang para pangarsa. Ing antarane, aja gawe sengsaraning liyan. Unen-unen kasebut dadi sarana pepeling yen para pangarsa samesthine ora gawe sengsara, lumantar cara kang bisa ditindakake kanthi cara ”mimpin kanthi cara samesthine”.

Ya, ora liya kajaba pangarsa kudu bisa momor lan momot bebrayan kang dipimpin. Pemimpin sing agawe sengsarane liyan, apamaneh ora nduweni kawigaten marang bebrayan kang nandang kasangsaran, tegese ora nduweni watak kang samesthine iku mau. Luwih lumebu maneh, sajrone rembugan iki, apa kang sinebut liyan pranyata ora mung kandheg ana ing tataran wong liya, nanging uga kabeh titah. Mula, pangarsa nduweni kuwajiban supaya mastekake yen bab apa wae kang ana ing laladane kudu manggihi karaharjan.

Sajrone kabudayan Jawa, kabeh laladan sing dadi kuwasane pangarsa mesthi wewujudan kepriye pangarsa nindakake pakaryan. Tegese, bebrayan, kahanan sosial lan kabudayan bisa dadi gambaran watak pangarsa. Ya, amarga iku dadi perangan saka tanggung jawab lan kuwajiban. Nah, sejatine wis gamblang, kepriye kabudayan Jawa bisa menehi dalan kanggo sapa wae sing bakal milih pangarsa.

Ora liya kajaba pangarsa kang nduweni watak kang ngerti: ngerti kapan kudu tumindak (nduweni sikap marang sakehe perkara kang diadhepi dening bebrayan), ngerti yen kudu tumindak lan milih kanthi nengenake bebrayan. Ya, amarga bener miturut bebrayan iku dadi bener kang kudu dilakoni, dudu bener miturut saperangan golongan utawa bener miturut dhiri pribadi.

Cara Barat

Yen niliki cara Barat, Plato (filsuf saka Yunani) nduweni cara sistematis kanggo gawe pemimpin lan negarawan iku mau. Apa kang sinebut kalos kagathos, basa Latin sing tegese pemimpin sing elok lan becik, miturut Plato, nyatane bisa digawe sacara praktis lan bisa dilakoni dening sapa wae. Kanthi mangkono, miturut pamawas Barat, sapa wae bisa dadi pangarsa. Mung wae, ana bab sing kudu dimangerteni lan ditindakake supaya sipat lan watak pangarsa cara Barat iku bisa kasarira dening sapa wae sing kepengin lungguh ana dhampar keprabon.

Umpamane, Plato ngandharake yen bocah sing nganti umur 14 taun perlu dilatih bab rasa pangrasa lumantar rasa musikal. Ing umur iki, bocah bisa dilatih mbedakake endi rasa sing kepenak lan ora kepenak. Saliyane iku, bocah dikarepake bisa nggulawenthah babagan olahraga kanggo bentuk badan. Amarga miturut Plato, latihan bab rasa bakal ndadekake kita ”dadi manungsa”.

Sawise iku, bisa dibacutake gladhen bab sing gegayutan karo pamikiran. Ing kene, bisa wiwit sinau babagan kahanan lan maneka wacana. Ing tataran sing wis mudha iki, pawongan bisa dijurung nduweni pamawas lan mjumbuhake marang kahanan. Tegese, pamawas wis samesthine adhedhasar ”rasa becik” iku mau, ora liya lelandhesan sipat manungsa sing kudu ngajeni sasama. Amarga, miturut Plato, pemimpin lan negarawan ora mung kasil saka wong sing nduweni krenteg kepengin dadi politikus, nanging uga bisa digawe.

Saorane iku dijabarake ana buku Mendidik Pemimpin lan Negarawan: Dialektika Filsafat Pendidikan Politik Plato dari Yunani Antik hingga Indonesia (2014). Kabudayan Jawa lan Barat wis paring wewarah menawa gawe pangarsa sejatine ora gampang. Ana ing kasunyatan pulitik negara kita, pawongan sing ngasta punjering adil akeh-akehe pancen ora nduweni lan nguwasani etika lan moral, supaya bisa dadi ”elok lan becik”.

Sacara praktis, sacara sistem kaya-kaya pancen ora ana kuwajiban lan paugeran sing bisa ndadekake mesin pulitik bisa ndadekake kawulane bisa netepi konsep-konsep sing ideal iku mau. Sabab, pilihan kanggo maju dadi pangarsa mung adhedhasar seneng lan ora seneng. Wusanane, akeh sing padha mbalela wektu wis kepilih. Pangkat lan jabatan disalahgunakake mung kanggo pentinge pribadi lan golongan. Pangarsa ora duwe ancas kanggo mbangun bangsa lan negara.

Ora mokal yen Acep Iwan Saidi sajrone tulisan ”Semiotika Tahun Politik” (Kompas, 8/2/2018), ngandharake yen pangrasa sing kasil saka proses politik mung perlu nduweni citra utawa bleger sing gumebyar kanggo narik kawigaten bebrayan. Ing kene kita mangerteni, pangarsa sing sejati, miturut kabudayan Jawa lan Barat, sejatine ora beda. Tegese, ana bab universal sing disarujuki dening bebrayan, gegayutan karo etika, moral, lan kepriye cara nglakoni pulitik kanthi becik miturut pamawas kamanungsan.

Mula saka iku, etika pulitik mesthine ora mung dimangerteni ing tataran krenteg lan kekarepan, nanging uga dilakoni. Mung kanthi cara mangkono, bebrayan bisa percaya marang pangarsa sing nduweni sipat momor lan momot. Widodo sajroning disertasi Konsep Laras dalam Karawitan Jawa (2017) ngandharake yen bebrayan Jawa nengenake kaslarasan marang liyan. Ing antarane, prinsip rukun lan urmat marang sekabehing titah bisa dadi sangu kanggo sapa wae sing kepengin sinau dadi pangarsa.

Pungkasane, kita kepengin nduweni pangarsa sing saguh lan ngrengkuh. Saguh nglakoni kuwajiban minangka pangarsa sekabehe warga lan ngrengkuh perangan sing durung dadi kawigaten. Kita uga percaya taun 2018 lan 2019 bisa ndiwasakake para pangarsa lan bebrayan. (44)

-Dhoni Zustiyantoro, mulang ing Program Studi Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang, nulis buku Jaman Susah Golek Panutan (2017)